Jumat, 15 Juli 2011

Pertondho

Iki ono opo ….
Opo iki sing jenenge pertondho
Kanggo kitho kabeh menungso
Supaya sadar, tumandhang lan nyuwun
Karo sing Moho
Lepen-lepen podho banjir,
Lemah-lemah dho longsor
Alas-alas ora on sing ijo
Ayo kitho kabeh dho tumandang gawe
Nyelametake bumi titipane anak putu
Muga-muga Gusti Allah nyembadani
Anak putu iso ngrasakake
Lestarining alam bumi

Jogja, Agustus 2006


Guru

Saka sawijining guru,
Wis lair wong-wong gedhe ing negeri iki
Soko sawijining guru,
Negeri iki nduweni Bj. Habibie, Gus dur, R.A Kartini
Soekarno, Jenderal Sudirman, Munir, WS Rendra
Chairil Anwar tekan Soe Hok Gie
Guru, panjenengan punika pahlawan sejati
sing nglairke maneh pahlawan-pahlawan sing dho
nduweni keberanian lan semangat tinggi
guru, panjenengan punika sejatining pahlawan
kekonco karo perjuangan lan kepriyatinan
nanging ora ngarepake peparingan
ngajar lan ndidik putra putri nganthi
kesemangatan lan keikhlasan

Purbalingga, Juli 2006



Mesem

Jare Pak Ustad mesem kuwi kelebu ibadhah
Jareku, mesem kuwi iku indah
Jare pak dokter, mesem kuwi bisa nyehatake awak
Ayo poro konco, jo podho abot mesem
Dho mesemo nyang wong liyo sing mbok tresnani
Lan bok kenali
Ayo para konco, podho mesemo nyang wong liyo
Sawise njur ngucapake salam
Sebab yen mbok niati, mesem kuwi ibadhah, sehat
Nentremake ati tur indah


Purwokerto, Juli 2006

Adiani Viviana

Dimuat di Majalah DERAP GURU, No.80 Th.VII – September 2006

Tidak ada komentar: